Rabu, 26 Maret 2014

Udan Gede



Karya : Rifan
         
Nalika mbiyen inyong pas smp inyong sering dolan karo kancane tapi pas dina senen awan bubar bali sekolah udan gede deres banget dadi ora tenyeng dolan karo kancane, udan gede ya kudune nang ngumah bae nonton tv apa turu , aja ngasih kaya batirku kiye genah agi udan gede malah metu ming njaba ngumah mbuh arep ngapa.
Sarno kuwe batirku, pas agi udan gede inyong  kuwe weruh  sarno mbuh lagi ngapa mondar-mandir nang karangane tanggane, pas kuwe inyong agi jagongan nang ruang tamu karo mangan cemilan malah weruh sarno lagi mondar-mandir, lagh inyong penasaran mulane inyong nyamperi sarno.

Sarno woy kowe lagi ngapa ya..? ngeneh ngiyub nang kene kiegh aja udan-udanan, wis no aja udan-udanan bae ngeneh inyong arep takon ming kowe ( sarno akhire marani).

         No jane koe lagi ngapa mondar-mandir kaya wong kebingungen...?,no koe agi ngapa jane miki kowh kaya wong ilang bae,” sarno : aq kue jane bingung dompetku kue ilang wis tak goleti kawit mau ora ketemu-ketemu”, “inyong : lagh dompetmu kuwe isine pira no akeh apa ora” ,”sarno: ora akeh sii..? isine kur 20000 puluh ewu tok, niate si arep nggo tuku celengan tapi malah ilang mbuh nang endi”.
“Inyong :Wis no tenang bae siki koe ngomong bae ilange nang ngendi mbok menawa inyong teyeng nulungi koe no” ,”sarno : nek ora salah aku mau ming toilet sekolah, nah bar kang kono kuwe kayane dompetku wis langka nang sak kayane tiba nang toilet sekolahan kuwe looo...?”.
“Inyong : lagh koe ngapa mondar-mandir bae mau nang karangan kono mau, kudune ya digolet mbok..?”
“Sarno : aku genah bingung koh siki ya sekolahan wis tutup aku arep nggoleti nang sekolahan ya ora mungkin mbok wong wis tutup dadi aku kue nggoleti nang karangan kuwe mau.”
“Inyong : oalah sarno-sarno dompetmu kue ilange nang sekolahan, koe mondar-mandir nang karangan mau lagi ngapa wong dompete ilang nang sekolahan nggoleti nang karangan kono ya ora bakal ketemu sarno-sarno inyong tembe tau kiegh , weruh wong kelangan nang sekolahan nggoletine nang karangan ya koe tok no ,wis nganah bali adus teles kejebes awakmu kue dompete goleti ngesuk bae nang sekolahan siki koe bali disit nganah...”
“Sarno : ya..ya..ya.. aku arep bali ngesuk golet bareng lho ya...?”
“Inyong : ya wis gampang lagh koe siki bali disi nganah..”
“Sarno : ya... ( sarno bali ming ngumah )”


Mungkin cukup sekian cerita dari saya..
Apabila ada kata-kata yang salah saya mohon maaf


Wassalamu’alaikum.



0 komentar:

Posting Komentar